Debu berterbangan di sepanjang jalanan Kelurahan Makripah. Terik
sang surya menambah kenikmatan lalu lalang warga yang sedari tadi bersliweran. Semar
lan Gareng lagi nyusun strategi ana ing salah suwijine Pusat Peradaban Loh
Jinawi. Nyruput qohwah lan gorengan uga nggolek resep nggawe ayam krispi kaya
sing digawa Bathara Guru saka Arab.
Petruk lewat lan mampir, sharing perkembangane olehe nggawe ayam
krispi. Semar lan Gareng ngguya-ngguyu, suwe dheweke ora kumpul kaya ngene. Petruk ngumbara, uga Bagong mumet dadi Guru panggilan.
Krungu jenenge diceluk, Bagong langsung metu. Tapi, dhewek.e njaluk jemput
Gareng ing Gang Bathara Guru. Bagong, gong. Wong paling sakti tapi ketutupan
nylenehe iki mari ngajukno proposal kesaktian.
Bahasan Punakawan awan iki rasan-rasan Bathara Guru sing
akhir-akhir iki tambah nyleneh, ngluwihi Bagong. Bagong uga gak leren-leren
anane ngrasani Bathara Guru amargi seminggu kepungkur dheweke digudho Bathara
Guru. Yowis lah, alon-alon sing penting kelakon. Nggawe ayam krispi sing dadi
headline news ing Kelurahan Makripah Pusat Peradaban Loh Jinawi.
No comments:
Post a Comment